GUYON MALAM (KOPI KUCING VS KOPI LUWAK)

Slamet  : Iki kopi opo toh, kok rasane rodo kecut?
Faisol   : Iku kopi istimewa, meh podo karo kopi luwak sing larang iku.
Slamet : wooow, ngono toh, kopi opo jenenge?
Faisol     : Kopi kucing, aku gawe dewe..
Slamet  : opo iyo, ko jenenge kopi kucing?
Faisol     : Soale diolah lewat kucing, kopi luwak kopine dipangan luwak ndisik sakdurunge diolah, kopi    kucing iki dipangan kucing sak durunge diolah dadi kopi bubuk. Aku terinspirasi karo kopi luwak,Cuma ben gampang aku gawe kucing ae.
Slamet  : kucing doyan kopi toh sol?
Faisol    : sakjane yow ora, kopine tak gerus rodo kasar, trus tak campur ikan asin, mari ngono tak     
               pakakno kucing.
Slamet (wetenge wis rodo mules) : terus piye porosese sol?
Faisol   : kopine kan metu bareng taek kucing,gerusan kopine disaring, dikumbah terus dipepe
                sampek garing, trus digiling maneh sampek halus.
                Lha iki kebetulan awakmu sing pertama nyubak kopi kucing, wong yo durung onok sing tak suguhi kopi kucing iki, aku dewe arep nyoba kok yo gak kolu…..
Slamet: Azzzzuuuuu …….Azuuuuuuuuuuu tenan kowe….. azzzuuuuuuuuu
                                Iki dudu kopi kucing sol, tapi nek iki yo Taek Kucing jenenge….
Faisol                     : нªª˘°˘нªª˘°˘нªª˘°˘ нªª˘°˘нªª˘°˘нªª˘°˘ нªª˘°˘нªª˘°˘нªª˘°˘